Minggu, 08 November 2009

syi'ir tanpo waton

astagfirullah robbal baroya...
astagfirulloh minal khootooya...
robbi zidni ilmannaafii'ah...
wawaffikni amalansolihah...

yarosulalloh salammunalaik...
yaarofiasaaniwaddaaroji...
atfataiyazi rotal aalaamin...
yauuhailaljuu diwaalkaromi...
yauuhailalzuuu diwalkaromi...


Ngawiti ingsun nglarasa ssyi'iran
Kelawan muji maring pengeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan
Rino wengine tanpo petungan 2X

duh bolo konco priyo wanito
ojo mung ngaji syareat bloko
gur pinter ndongeng nulis lan moco
tembe mburine bakal sengsoro 2X

akeh kang apal Qur'an hadise
seneng ngafirke marang liyane
kafire dewe dak digatekke
yen isih kotor ati akale 2X

gampang kabujuk nafsu angkoro
ing pepaes gebyare ndunyo
iri lan meri sugihe tonggo
mulo atine peteng lan nisto 2X

ayo sedulur jo nglaleake
wajibe ngaji sak pranatane
nggo ngandelake iman lan taukhite
bagus sangu mulyo matine 2X

kang aran soleh bagus atine
kerono mapan seri ngelmune
laku thoriqot lan ma'rifate
ugo hakekot manjing rasane 2 X

Alquran qodim wahyu minulyo
tanpo ditulis biso diwoco
iku wejangan guru waskito
den tancepake ing jero dodo 2X

kumantil ati lan pikiran
mrasuk ing badan kabeh jeroan
mu'jizat rosul dadi pedoman
minongko dalan manjing iman 2 X

kelawan alloh kang moho suci
kudu rangkulan rino lan wengi
ditirakati diriyadohi
dzikir lan suluk jo nganti lali 2X

uripe ayem rumongso aman
dununge roso tondo yen iman
sabar nerimo najan pas pasan
kabeh tinakdir saking pengeran 2X

kang anglakoni sakabehane
alloh kang ngangkat drajate
senajan ashor toto dhohire
ananging mulyo maqom drajate 2X

lamun prasto ing pungkasane
ora kesasar roh lan sukmane
den jadang alloh swargo manggone
utuh mayite ugo ulese 2X

Kamis, 05 November 2009

dewi masito

Dewi masito kelawan putri

melu agomo direwangi mati

jembar kuburane ambu gondo wangi

selawat lan salam dikirimno kanjeng nabi



malam jumat roh'ipun bukak lawang

jalok kiriman wacan alqur'an

ora dikirimi ngelus dodo mbrebes mili

bali nang kuburan tangise awan bengi.

Selasa, 03 November 2009

Weel tok

areke cilik gundul
senengani dulinan nang kali cilik
wayah bengi
dolek iwak karo kanca kancane
iwak seng digoleki mung
iwak cakung karo wader ae

yen wus oleh akeh
iwak di tunu bareng bareng
ambek ngomong

akung akung bang tutu'e ateng
adeng adeng bu'atane ateng
maksute
cakung awake yen wus abang iku tandane mateng
wader yen mripate sipit iku tondone wis mateng

wektu iku ono wong seng dingkik
bareng krungu omong weltok mU
WONG MAU NGGUYU ambek diempet
sampik kepentut

wiltuk krungu entut mau
jare wiltok
loh entute sopo mau
tute adeng po tute akung po tute wong?
wilto mlayu, barang mlayu wong mau ngejar
salah siji wil tok kenek

cong no aku cong no aku
tak wuruki dunagne sugih
jare wiltok.
temen a awas awakmu nek bijuki aku. jare wong mau

barang diculake wiltu mlayu ambek ngomong
kas kas ge nek akas sugi

akhire wong mau ketipu wil tok.